Sabtu, 06 September 2008

puasa itu hanya untukKU !.


Pagi-pagi jam 03.00 wib sebelum sempat makan saur, saya memperoleh telepon dari seorang teman yang mengkhabarkan keselamatan, kesehatan serta berkah rezekinya. Saya ikut merasakan kebahagiaan yang mereka khabarkan, kemudian pembicaraan dilanjutkan dengan keinginannya untuk bersilaturochim bersama teman-teman yang lain. Diakhir pembicaraan telepon tersebut teman saya ini menanyakan "apakah saya menerima undangan berbuka puasa bersama dengan 800 orang (yang berposisi strategik dan berpengaruh menghadirkan "suara" dalam kegiatan Pemilu April 2009 mendatang?). Jawab saya lugas "tidak". Saya baru sadar kemudian, bahwa acara-acara seperti itu memang rawan diplesetkan untuk kepentingan lain, di luar kepentingan ibadah yang hanya mencari keridhaan Allah s.w.t.. Mudah-mudahan pendapat saya seperti ini bukan karena saya "iri/sirik" gara-gara saya "tidak diundang" dalam acara tersebut, dan bukan pula puasa kita ini hanya sekedar untuk menggugurkan kewajiban dari rukun Islam yang ketiga semata.
Berikut ini saya kutibkan satu tulisan (dari http//:mbahjowo.blogspot.com/) terkait dengan hal tersebut, namun maaf dalam bahasa Jawa kromo inggil yang bertajuk Shaum di bulan Ramadhan. Bila ada kesulitan dalam memahami, saya bersedia menstranfer kembali dalam bahasa Indonesia.

SHAUM ING WULAN ROMADHON
Shaum utawi Siam, kasebat ugi kanthi boso ngoko Poso, mujudaken rukun (pedamelan ingkang kedah dipun lampahi dening ingkang pitados utawi ngugemi keyakinan) Islam ingkang ongko 3. Shaum ing wulan Romadhon puniko boten namung ngemu suraos ibadah dumateng ngarsanipun Gusti Allah s.w.t. Meh sedoyo poro ilmuwan sarujuk dumateng inti shaum soho paring dukungan dumateng ibadah shaum puniko. Saking perangan ilmu jiwa. pendidikan, kesehatan soho ilmu sosial sedoyonipun paring dukungan lan sarujuk bilih shaum puniko mbekto manfaat dumateng perkembangan jiwo lan rogo.

Shaum damel jejeging disiplin jiwo, ugi moral soho semangat bebrayan ingkang kiyat. Shaum ugi saged ndadosaken landasan latihan prihatos lahir, soho “pengendalian” pribadi lan howo nafsu. Punopo malih naliko kito nembe shaum, tamtu bade ngraosaken kabetahan ingkang kedah sabar dumateng sedoyo tindak tanduk ingkang bade lumampah.
Shaum ugi murugaken priyantun sami teguh ngemban janji, amanah, lan nebihaken saking tumindak culiko.
Raos luwe lan ngelak ndadosaken priyantun ingkang shaum lajeng kagungan raos “iso ngrasakke roso rekasaning liyan” (kepekaan sosial & kesalehan sosial).
Cobi sami kito galih, bilih mesin mobil kemawon kedah dipun andapaken mesin naliko sampun lumampah 5 utawi 6 tahun laminipun, punopo malih madaran kito ingkang sampun “operasi kerja” puluhan tahun laminipun, menawi boten wonten wekdal istirahat tamtu bade ngadat. Pramilo lajeng dawah kleresan Gusti Ingkang Murbeng Dumados paring dawuh shaum ing wulan Romadhon, kangge jejegaken iman netepi agami.
Allah paring dawuh lumantar Al Qur’an bilih Shaum ing wulan Romadhon puniko namung tumuju wonten ngarsanipun Gusti (Puasa Romadhon itu untukKu), ugi ganjaranipun namung Allah ingkang bade paring kanugrahan (dan juga hanya Aku yang akan memberikan balasannya).

Ewo semanten taksih kathah poro pelaku politik parktis ing negari kito ingkang kumawantun mendet hak-ipun Allah kanti lampah kampanye naliko wekdal undangan buko shaum utawi sholat Taraweh.
Mugi ibadah shaum kulo lan panjenengan sami dipun lambari namung pados ridhanipun Allah taala, (dede agenda kepentingan ingkang sanes) tinampi dening Gusti. Amien.

Tidak ada komentar: